Selasa, 14 November 2023

LAHIRNYA RADEN PAKU (SUNAN GIRI)

 Tung tung dung... Tung tung dung

Tung tung dung... Tung tung dung

Lailaha ilallah muhammadurosulullah.. 

Eman-eman wong sing nganteng ora sembayang.. 

Nabi Yusuf nganteng isek gelem sembayang.. 

Eman-eman wong ayu sing ora gelem sembayang. 

Siti Zulaikhah ayu... Isek gelem sembayang.. 


Tung tung dung... Tung tung dung.. 

Tung tung dung... Tung tung dung.. 

Iki cerito.... Ceritone lahire Raden Paku.. 

Radeng Paku utawo Raden Ainul Yakin 

Sing masyhur kaleh sebutan Sunan Giri ugo Prabu Satmata, sing nyebarno agama islam ning tlatah Gresik lan dadi rojo nek Giri Kedaton , engkang dipun sarehaken teng astana  giri bukit Gajah Gresik... Ingkang sakniki rame dipun ziarahi.. 


Tung tung dung.. Tung tung dung... 

Tung tung dung... Tung tung dung... 

Sewijine masa, ing tlatah Jawa bagian wetan, tepate nek kerajaan Blambangan sing nalika iku di pimpin kaleh Prabu Menak Sembuyu lan patih   Bajol Sengoro. Nalika iku kerajaan Blambangan wonten kejadian gede sing ndadekake kisruhne negara, gegere negara.. Yoiku nek kerajaan Blambangan di landa wabah penyakit menular, utawi sing di arani Pagebluk. 


Pagebluk niku wabah penyakit sing menular lan berbahaya, tyang sing terkena wabah pagebluk, isuk sehat, sore loro trus bengine mati, bengi sehat, isuk mati. Pagebluk iki ora mung nyerang menungso, ugoh nyerang hewan, khususe hewan ternak, wedus, sapi, kebo... Hewan ternak isuk urip, sore mati.. Bengi urip, isuk mati. 


Wabah pagebluk ndadekake geger geden nek negara Blambangan, manungso lan hewan katah sing mati,isuk melok ngubur,sore ganten di kubur,hewan ternak sing mati ora sempat di kuburake. Saben pelosok negoro dadi ambu batang, sawah lan tegal dadi rusak ora ono sing ngerawat. Pagebluk iki ora namung nyerang rakyat jelata, wabah iki ugoh nyerang tyang-tyang sing ono nek njero keraton Blambangan. Salah sijine inggih meniko putri prabu Menak Sembuyu, sing ayu koyok bidadari  kang paring asma Dewi Sekardadu. 


Dewi Sekardadu terserang wabah pagebluk, awake panas, kulite sing alus dadi gosong. Ngaweruhi kondisi rakyat dan putrine, prabu Menak Sembuyu banjur ngumpulake para mentri, punggawa lan patih. Banjur ngendikan , "para mentri dan pungawa kerajaan Blambangan, kepiye carane ngilangi pagebluk iki? ", patih Bajul Sengoro banjur usul, " Sendiko dawuh gusti prabu, kawula usul, menawi dipun anakno sayembara, sopo sing iso nyirnahake pagebluk sopo wae, bakal di paringi hadiah". Prabu Menak Sembuyu setuju kaleh usul patih Bajol Sengoro, banjur prabu Menak Sembunyu ngumumake sayemboro lan ngutus para prajurit nyebarno pengumuman sayemboro, "sapane wong sing iso ngilangake pagebluk lan saget nyembuhake penyakite Dewi sekardadu, lamun lanang bade dipun jodohake kaleh Dewi Sekardadu, nek wedok bakal di dadekake dulure Dewi Sekardadu lan diparingi hadiah, lamun gagal bakal di hukum pancung nek alun-alun keraton Blambangan".


Tung tung dung... Tung tung dung.. 

Tung tung dung... Tung tung dung.. 

Poro dukun sakti banjur podo melu sayembara, tapi podo gagal lan di hukum pancung nek alun alun. Negara tambah dadi geger, ora ono wong sing gelem melok sayembara. Para prajurit banjur di perintah nyekeli poro dukun lan tabib sing ono nek kerajaan Blambangan di gowo nang keraton Blambangan supoyo ngobati Dewi  Sekardadu. Salah sijine tabib sakti di kongkon ngobati Dewi Sekardadu, tetapi ora mampu nyembuhake Dewi Sekardadu, nalikane arep diseret nang alun alun, tabib mau banjur ngomong, " Nyuwun ampun gusti prabu, kulo mboten saget menyembuhkan Dewi Sekardadu, namun kawulo keprungu wonten tabib sing terkenal ngada kemampuan linuwih, jenenge tabib iku Syeh Maulan Ishaq. Prabu Menak Sembuyu banjur takon, "nek endi panggone tabib sakti sing jenenge Syeh Maulana Ishak? ", tabib mau banjur njawab, " Sendiko dawuh gusti, Syech Maulana Ishaq manggon teng bukit  Gajah, wonten daerah Giri Gresik". Prabu Menak Sembuyu banjur nitahake mareng pati Bajul Sengoro. "Patih Bajul Sengoro, golekono syech Maulana Ishaq nang Gresik, nek ketemu sampaikan pesanku, supayo gelem nang Blambangan, sak perlu nyirnahake pagebluk lan ngobati putri Dewi Sekardadu, lamun berhasil bakal di paringi hadiah lan di nikahke kaleh Dewi Sekardadu. Kepiye wae carane, sing penting Syech Maulana Ishaq bisa teko nang Blambangan". Patih Bajul Sengora banjur berangkat budal ngoleki Syech Maulana Ishaq nang bukit Gajah Giri Gresik. 


Tung tung dung... Tung tung dung.. 

Tung tung dung... Tung tung dung.. 

Lailahailallah.. 

muhammadarosulullah... 


( biyen nek jamane nabi Muhammad yo tau ono pagebluk sing melanda salah sijine daerah nek jazirah arab, banjur nabi Muhammad dawuh, "Sopo wae sing onok nek daerah sing keno wabah penyakit, sing wes nek njeroh daerah mau gak oleh metu, sing isek nek njobone daerah mau gak oleh mlebu, sampai wabah penyakit utawo pagebluk sirna"). 


Lailahailallah.. Muhammadurasulullah.. 

Eheem.... Wong ngentrung kok gak ono ngombene, ngerasakno kopi, banyu botolan wae gak ono.. 

Eheeem.... 


Singkat cerito... 

Nek bukit Gajah daerah Giri Gresik, syech maulana Ishaq wayah sore tafakkur nang duwute watu.. Panjenengan nipun sampun ngaweruhi yen bakal ono utusan saking kerajaan Blambangan.. Mula panjenenganipun  syech Maulana Ishaq ngantosi utusan Blambangan kaleh tafakkur lan wiridan nang duwur watu . Utusan Blambangan teko lan nyedak maring syech Maulan Ishaq, banjur matur, " Nuwun sewu kisanak, kulo nderek takon, pundi panggonane tabib sakti sing jenenge Syech Maulana Ishaq? ". Syech Maulana Ishaq banjur njawab pitakonane utusan Blambangan mau. " Kulo piyambak sing jenenge Maulana Ishaq, lan kulo sampun ngerti maksud lan tujuan kisanak, mulo becik kisanak langsung berangkat teng Blambangan, kulo mangke bade nyusul, monggo... ". Patih Bajul Sengoro kaget, pancen sakti Syech Maulana Ishaq iki, kulo dereng matur lan cerito, tapi Syech Maulana Ishaq wes ngerti maksud lan tujuan kulo, " Ngeeh kisanak kulo langsung balik nang Blambangan".


Tung tung dung... Tung tung dung.. 

Tung tung dung... Tung tung dung... 

Singkat cerito.. Nek ndalem keraton Blambangan, prabu Menak Sembuyu gelisah, wes telung dino telung bengi patih Bajul Sengoro budal nang Gresik, tapi kok durung ono kabar teko teliksandi, " Wes telong dino telung bengi, patih Bajol Sengoro budal nang Gresik, tambah dino wong wong akeh sing mati, sapi, wedus, jaran yo podo mati keno pagebluk, anakku dewe, Dewi Sekardadu yo durung waras, malah tambah parah, nanging durung ono kabare teleksandi, sing ngabarno hasile patih Bajul sengoro ngowo tabib sakti". Tiba tiba ono prajurit melbu nek balairung keraton Blambangan karo terburu-buru, " Sembah kulo prabu, nyuwun pangapuro, nek ngarep regol keraton wonten tyang klambinan jubah putih, ngakune disuruh menghadap kaleh paduka prabu, tyang punika asmane Maulana Ishaq, saking bukit Gajah, Giri Gresik", prabu Menak Sembuyu kaget, "Sopo? Maulana Ishaq saking Gresik?, cepet aturi mlebu nang Balairung! ", perintah prabu Menak Sembuyu. 


Trung tung dung... Trun tung dung... 

Trun tung dung... Truntung dung. 

Syech Maulana Ishaq banjur ngadep nang prabu Menak Sembuyu, " Assalamualaikum.... Kulo Maulana Ishaq.. Saking gresik, kulo insyaallah saget ngilangake pagebluk lan ngobati Dewi Sekardadu kelawan izin saking Gusti Allah, namung wonten syarate..!. Ngendikane Syech Maulana Ishaq. 


Prabu Menak Sembuyu banjur takon "opo syarate? ", dijawab kaleh Syech Maulana Ishaq " Insyaallah kulo bade ngobati Dewi Sekardadu lan ngilangake pagebluk saking Blambangan kaleh izin gusti Allah, ananging sakderenge ingsun ngobati, kulo ngada syarat, kalau dewi Sekardadu saget kulo tambani lan pagebluk saget kulo ilangake kulo nagih janji paduka prabu, yakniku nikahake kulo karo dewi Sekardadu, sak durunge nikah dewi Sekardadu kudu mlebu agama kulo, engeh meniko agama Islam, kelawan ngucap dua kalimat syahadat, lan kulo di izinkan menyebarkan agama Islan teng Kerajaan Blambangan tanpo halangan., niku syarat nipun , pripun paduka prabu? ". Prabu Menak Sembunyu nyanggupi syarat ingkang di ajukan dening Syech Maulana Ishaq. 


Banjur Syech Maulana Ishaq mlebet teng kamare Dewi Sekardadu, sholat hajat lan dungo  mareng gusti Allah kang maha kuasa, supados paring pitulungan dumateng Dewi Sekardadu lan ngilangake pagebluk saking kerajaan Blambangan. Nalikane syech Maulana Ishaq sholat lang dungo mareng gusti Allah, langit dadi mendung ireng ndedet, petir lan gluduk membahana nek langit Blambangan, banjur kersane gusti Allah, Dewi Sekardadu berangsur sembuh dan pulih seperti sediakala, rakyat Blambangan sing keno pagebluk ugo podo mulai waras lan pagebluk sirna saking kerajaan Blambangan. Saking njobo balairung keraton Blambangan, patih Bajul Sengoro terburu buru datang menghadap maring prabu menak Sembuyu, " Sembah Kawula , prabu... Kulo sampun kepanggih kaleh Syech Maulana Ishaq, kandane syech Maulana Ishaq bade nyusul kulo". Prabu Menak Sembuyu nguyu kaleh ngucap, "Ha.. Ha.. Ha... Syech Maulana Ishaq wes tekan mau, syech Maulana ishaq wes ngobati Dewi Sekardadu, lan saiki putriku Dewi Sekardadu wes sembuh lan pagebluk wes sirna saking Blambangan". Patih Bajul Sengoro kaget lan ngucap nek ati, " Kok iso syech Maulana Ishaq tekan disikan.. Padahal berangkate disek aku, pancen Syech Maulana Ishaq ora tyang sembarangan".


Prabu Menak Sembuyu akhire ngelaksanakno janjine, Dewi Sekardadu di izini mlebu agama Islam lan di nikahake kaleh Syech Maulana Ishaq, ugo dipun izini nyebarke agama Islam Nek Kerajaan Blambangan. Dari hari kehari, rakyat Blambangan akeh sing melu mlebu agama Islam, lan podo belajar ajaran agama Islam teng langgar sing dibangun oleh Maulana Ishaq lan Dewi Sekardadu.. Semakin hari jumlah    santri Maulana Ishaq tambah katah, niki ndadekake patih Bajul Sengoro ngeroso tersaingi lan timbul drengki  marang Syech Maulana Ishaq, banjur ngada rencana kanggo nyingkirno Maulana Ishaq saking Blambangan.


Patih Bajul Sengoro ngadep nang prabu Menak Sembuyu banjur matur, "Sendiko dawuh gusti prabu, sakniki rakyat Blambangan sudah nanyak sing melok agamane  Maulana Ishaq, lan dadi pengikute, lamakelamaan kalau di biarkan niki bakal ilang pengaruh lan wibawa paduka prabu, rakyat Blambangan luwih taat marang ucapane Maulana Ishaq.. Suwe suwe bakal iso podo berontak mareng prabu... ".

Prabu Menak Sembuyu terdiam manggut manggut, "iso dadi bener omonganmu patih, mulo ingsun mrentahake patih Bajul Sengoro kanggo nyeluk Maulana Ishaq ngadep mareng aku" . Patih Bajul sengoro banjur budal karo pengawal nang langgar Syech Maulana Ishaq perlu mekso Maulana Ishaq ngadep marang prabu Menak Sembuyu. 


Trung tung dung.... Trung tung dung.. 

Trung tung dung.... Trung trung dung... 


( manungso nek wes dikuasai hawa nafsu.. Bakale luwih ino tinimbang kewan, mulo dawuhe kandjeng nabi, " sak apik-apike manungso yoiku  manungso sing bermanfaat kanggo liyane".) 


Singkat cerito, patih Bajul Sengoro lan para pengawal podo budal nang langgare  Syech Maulana Ishaq, nalikane tekan ngarepe langgar, syech Maulana Ishaq lan para santri lagi podo sholat . Patih Bajul Sengoro bengok bengok ngongkon Maulana Ishaq metu songko langgar sak perlu ngadep marang prabu Menak Sembuyu. Maulana Ishaq sing lagi sholat nerusake sholate, ora nanggepi suara patih Bajol Sengoro. Patih Bajol Sengoro ngeroso di remehno.. Banjur nendang lawang langgar, lawange mbukak lan ketok poro santri lan Maulana Ishaq ruku', patih Bajol Sengoro rumongso didipantati . Patih Bajul Sengoro tambah wirang nanging ora wani nyerang santri lan Maulana Ishaq, sebab wedi marang kesaktiane Maulana Ishaq. Patih Bajul Sengoro langsung balik nang keraton Blambangan sak perlu nyerita'ake kedadean mau. 


Trung trung dung... Trung trung dung... 

Singkat cerito, nek keraton Blambangan Patih Bajul Sengoro nyerita'ake kedadean mau, prabuMenka Sembuyu banjur duko lang ngajak patih lan punggowo ngluruk nang langgate Maulana Ishaq. 


Nek Langgar Maulana Ishaq, prabu menak Sembuyu banjur nyeluk maulana Ishaq lan Dewi Sekardadu, prabu Menak Sembuyu banjur nguwei pilihan nang Maulana Ishaq, supoyo ninggalno Blambangan lan Dewi sekardadu utowo adu tanding karo deweke. Syech Maulana Ishaq banjur ngendikan nek Maulana Ishaq ngalah becik ninggalke Blambangan lan Dewi Sekardadu sing lagi hamil. 


Sak durunge berangkat, Maulana Ishaq pesen mareng Dewi Sekardadu, nek deweke arep nang  desa Kemantren, desa sing awal pertama kali syech Maulana Ishaq tinggal lang nyebarke agama Islam nang tlatah jawa. Lan nek Dewi Sekardadu arep nyusul diparingi tanda , nek Dewi Sekardadu Ketemu kaleh Watu Tumpang sing ono nek wetane desa Mantren berarti wes cedak karo ngon tafakkure Maulana Ishaq, yoiku sebelah lore watu tumpang kang dipun arani Sepaku, tebing watu nek pinggir pantai Kemantren. 


Trang trang dung.... Trang trang dung... 

Singkat Cerito, Dewi Sekardadu banjur nyusul bojone, yoiku Syech Maulana Ishaq sing ono ing  Sepaku Kemantren, nalikane Dewi Sekardadu wrs ono ing wetane desa Kemantren, deweke nemoni onok watu ditumpuk utawo watu tumpang, eling pesene Syech Maulana Ishaq, Dewi Sekardadu banjur terus mlaku ngalor lan nek ningsor tebing Sepaku Dewi Sekardadu Ketemu karo Syech Maulan Ishaq, banjur karone urip bahagia nang Mantren, nganti lahir bayi sing dikandung Dewi sekardadu nek ngon sing di arani Sepaku, mula putranipun dipun kenal kaleh asma Raden Paku Maulana Ainul Yakin. 


Trung trung dung... Trungtrung dung

Lailahailallah muhammadarosulullah.. 

Iki mau cerito, ceritane lahire Raden Paku. 

Mugi mugi ngowo berkah lan manfaat

Trung trung dung.. Trung trung dung.. 

Wong mergawe onok kesele

Wong ngentrung ono lerene. 

Wak paidi dodolan kelopo

Menawi lepat nyuwun ngapuro


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

ROAD SHOW TIGA KOTA JAPASWARA

Road show musik puisi yang dilakukan oleh komunitas musik puisi Japaswara dari kota Tayu -Pati -Jawa Tengah yang rencananya di gelar di tiga...